Popular Post

Posted by : rou Jumat, 21 Maret 2014

Eman-eman

Verse 1

Urip iku pancene maneka warna cerita
Siji lan sijine mesti wae yo ora pada
Menungsa urip ing alam ndonya
Kudu ngupaya lan nyuwun marang Gusti ingkang Kwasa
Yen pengen urip penak, aja mung gaco njeplak
Dipikir mateng dhisik, banjur tumindak
Aja gela yen kebacut cidra
Dilarani atine trus di pedhot tresna
Jaman saiki wes akeh sing ngedol setya
Seko rumah tangga nganti pejabat tinggi
Amarga banda kanca tega diapusi,
Amarga banda prawan isa diregani
Faktor ekonomi dicampur rasa gengsi
Isin-isinan malah dadi ngisin-isini
Rumangsane becik malah dadi nggegilani
Sing pener ra wani suluk amargane wedi

Chorus

Man-eman... uripe menungsa iku mung sepisan (haiyo mung pisan)
Man-eman... prawan ayu mung dinggo dolanan (sak ke nou ya)
Man-eman... urip ojo pasrah kahanan (yo kudu ngupaya urip i)
Man-eman... di eman-eman malah ilang neng ndalan... jebul di gondol setan


Verse 2

Urip iku pancene mung ngenteni mati
Ra ono sing ngerti kapan lan neng ndi
Mula urip iku ojo mung tura-turu
Golek impen sing ora bakal metu
Susah seneng urip iku disyukuri
Aja nggresula aja muna-muni
Simbah ngendika urip iku kudu dilakoni
Mbuh Nganti kapan namung Gusti sing ngerti
Mangkane ayo kabeh uripe pada di isi,
Isone opo yo lakonono, yen ra iso yo ra sah meksa
Yen nekat di peksa mengko malah dadi lara
Lara ati merga tresna ra sah di gawe dawa
Ben minggat wae sokor modyar ilang nyawane
Salahe sopo mbiyen tega nyulayani
Saiki rekasa dewe getun tiba mburi



created by Rou Romano

- Copyright © Rou Romano - this blog - Powered by Google - Designed by Rou Romano -