- Back to Home »
- Song and lyric »
- Katur Sang Hyang Gusti
Posted by : rou
Jumat, 02 Mei 2014
Sebuah karya sederhana dari Rou Romano yang bertajuk tentang betapa hebatnya Sang Pencipta Semesta Raya.
Katur Sang Hyang Gusti
beat - vocal - lyric by Rou
Kawula Ngalembana Gusti
Menika Sang Hyang Widhi
Ingkang linangkung kamulyan
Sung pepadhang ing a gesang
Weh rahayu mring sujanmi...
Chorus:
Namung Gusti ingkang Maha Suci
Namung Gusti ingkang Maha Agung
Sembah nuwun kawula ing Gusti
Kawula nyuwun karaharjan...
Rap Verse 1
Menungsa urip ing alam ndonya/
Wiwit bocah nganti yuswa/
Nduweni akal karo rasa/
Sedulur papat pancer lima/
Susah seneng teka lunga/
Gething tresna sesandhingan/
Merga urip iku bebrayan/
Nadyan beda keyakinan...
Rap Verse 2
Mulane ra sah sok suci/
Halal haram kersaning Gusti/
Abang biru ireng putih/
Yen tetulung aja milih-milih/
Kembang kantil kembang mawar/
Wit ringin nduwur danyangan/
Urip iku kudu sabar/
Welas asih marang liyan
Mugi Gusti kersa hanampi
Jiwa ragane para abdi
Awit Gusti estu pengeran
Ingkang kwasa lan kagungan
Swarga ndonya kahuripan...
Back to Chorus



Posting Komentar